Aksara Jawa: ꦤꦪꦏꦩꦤ꧀ꦝꦭ Jinis: têmbung aran Undha usuk: ngoko-madya-krama Mulatêmbung: nayaka + mandhala Padinan: Têgês: Klumpukan nayaka ing paprentahan kang kagawe kanggo wêktu paprentahan iku mau; wujude bisa abeda-beda sabên wêktu paprentahan. Nayakamandhala kang anyar wis kagawe kanggo wêktu paprentahan angarêp dening Presidhen. Basa Liya Indhonesiyà: kabinet Inggris: cabinet (of minister)
Aksara Jawa: ꦏꦮꦸꦭꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ Jinis: têmbung aran Undha usuk: ngoko-madya, kawula alit (krama) Mulatêmbung: kawula + cilik Padinan: Têgês: Kawulaning ratu kang ora aduwe jawatan kang amligi lan namung babrayan alumrah. Sunan Pakubuwana kaping sadasa kêrêp anyêbar udhik-udhik kanggo kawula cilik. Basa Liya Indhonesiyà: rakyat jelata, rakyat biasa Inggris: commoner