Aksara Jawa: ꦏꦮꦸꦭꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ Jinis: têmbung aran Undha usuk: ngoko-madya, kawula alit (krama) Mulatêmbung: kawula + cilik Padinan: Têgês: Kawulaning ratu kang ora aduwe jawatan kang amligi lan namung babrayan alumrah. Sunan Pakubuwana kaping sadasa kêrêp anyêbar udhik-udhik kanggo kawula cilik. Basa Liya Indhonesiyà: rakyat jelata, rakyat biasa Inggris: commoner