Posts

Showing posts from July, 2019

Pagaweyan

Dasanama: Pasambutgaweyan Indhonesia: tempat bekerja, kantor Inggris: workplace, office

Biskop

(Lingga, aran) (krama madya ngoko) Mula têmbung: Saka basa Walanda bisschop saka basa Latin episcopus saka basa Ellas ἐπίσκοπος ( epískopos)  têgêse pangawas utawa juru awas. Yaiku juru kuwasa paling dhuwur ing pêksatantran Nasrani Ortodhoksi, Ortodhoksi Oriyental, Katolikos Rum, lan Angglikan kang ndhuwuri para iman Grija sangisore. Basa liyane: Indhonesiyah: uskup Inggris: bishop Andhahan: 1) Kabiskopan (krama madya ngoko) Yaiku laladan kang sangisor kakuwasaning biskop. Uga bisa atêgês pagaweyaning (pasambutgaweyaning) biskop. Basa liyane: Indhonesiyah: keuskupan, diosesan Inggris: diocese, episcopate

Dhiyakonos

(krama madya ngoko) Mula têmbung: Saka basa Ellas διᾱ́κονος ( diā́konos)  sing têgêse abdi, panulung. Yaiku panulung imam Grija nalika ana sêmbahyang ing saperangan gaweyan. Basa liyane: Indhonesiyah: diakon, diaken Inggris: deacon

Cêtha

(krama ngoko madya) Basa liyane: Indhonesiyah: jelas Inggris: obvious, clear

Topeng

1) panutup rai kanggo pagêlaran, nari, lsp. 2) panutup rai sarana apa wae Basa liya: Indhonesiyah: topeng, masker Inggris: mask Andhahan: Topeng gas Topeng kanggo sarana nutupi rai saka gas. Basa liya: Indhonesiyah: masker gas Inggris: gas mask

Ellas

Mula têmbung: Saka têmbung Ellas kuna  Ελλάς ( hel.lás >  elˈlas). Ana basa Jawa kasêrêp têtêp yaiku Ellas. Salah sawinjining nagara ana Yurup kang wangsane wis ana suwe saka jaman kuna. Basa Liya: Indhonesiyah: Yunani Inggris: Greek

Apostolos

 (Lingga, aran) Aksara Jawa: ꦲꦥꦺꦴꦱ꧀ꦠꦺꦴꦭꦺꦴꦱ꧀   Mula têmbung: Saka basa Ellas Kuna  ἀποστολός  (apóstolos/apostolos) têgêse utusan Têgês: utusan yaiku muriding Ngisa Al Masih utawa Yesus Kristus ana ing tulisan-tulisan agama Nasrani.     Têmbung Andhahan: Apostolosjati, Ngapostolos : duweni watêk utawa ngênani apostolos.

Pasingkiran

Papan kanggo nyingkir, isa kanggo wong tapa utawa pasingkiran kang kanggo mungsuh. Basa Liyane: Indhonesiyah: 1) pertapaan, 2) pengasingan Inggris: 1)hermitage 2) seclusion