Posts

Showing posts from November, 2019

Gênggêm talen (aran)

Lingga: gênggêm tali Kumpulan barang lumrahe kêmbang kang ditaleni lan bisa kagênggêm gunane kanggo bubungah marang wong kang kasilan kayata wiyata wisuda, mantenan, lsp. Indhonesiyah: buket Inggris: bouquet

Grija Kabiskopan

(Aran) Grija kang kanggo kabiskopan. Dadi, biskop manggon ana ing kono. Indhonesiyah: katedral Inggris: cathedral

Basilike

Saka basa Ellas: basilikē. Wangunan grija kang nduweni wujud-wujud undhagiwimba-undhagiwimba tartamtu. Lumrahe wujude gêdhê. Indhonrsiyah: basilika Inggris: basilica

Kapel (aran)

Saka basa Walanda: kapel, saka basa Latin: cappellae (kappeleh). Gedhong utawa bangsal kanggo sêmbahyang wong Nasrani utawa Kristên ananging dudu panggon kang têtêp kadya grija. Ngrujuk ing wangunan kang dinggo. Indhonesiyah: kapel Inggris: chapel

Alkitab Pitung Puluh

Alkitab kang utamane kisenan buku-buku Prajañjen Lawas kang katulis dening 70 wong Yahudi ing kutha Alegsandriyah nagara Mêsir. Indhonesiyah: Alkitab Septuaginta Inggris: Septuagint

Wulgatah

Alkitab Nasrani Wulgatah, Alkitab Wulgatah Alkitab Nasrani Latin kang kêrêp kanggo lan kaanggêp pênting. Indhonesiyah: Vulgata Inggris: Vulgate

Jangkah

Indhonesiyah: langkah Inggris: step

Turu

(Têmbung lingga lan kahanan/kriya, madya/têngahan = tilêm, krama/inggil = sare) Kahanan nalika mêrêm ora tangi utawa ora nglilir ing pikir kanthi klekaran utawa lungguh. Lumrahe ing wêngi lan kalakon amarga awake kêsêl. Indhonesiyah: tidur Inggris: to sleep ANDHAHAN Nuroni (Têmbung kriya tanduk, madya/têngahan = nilêmi, krama/inggil = nyareni) Turu ing sadhuwure wong liya. Bisa atêgês barang kang saru. Indhonesiyah = meniduri Inggris = _ Krama tanggap: dituroni, ditilêmi, disareni Nurokake (Têmbung kriya, madya/têngahan = nilêmake, krama/inggil = nyarekake) Marakake wong liya supaya dadi turu utawa marai turu. Indhonesiyah = menidurkan Inggris = to make s.o sleep Krama tanggap: diturokake, ditilêmake, disarekake Paturon (Têmbung aran, madya/têngahan = patilêman, krama/inggil = pasareyan) Panggon kanggo turu bisa awujud dipan kayu lsp. Bisa uga atêgês kuburan kanggo pangalus-alus amarga wong mati iku cara-carane wong kang turu kanggo wong Jawa utawa kadya

Ariwarti

(Têmbung aran, ngoko-madya-krama. Utawa krama = ariwartos) Barang sabawa klumpukan dluwang kang isine pitulis kang isine ngênani pawarta-pawarta kang kacithak ing sabên dinane. Indhonesiyah: koran Inggris:

Kalawarti

((Têmbung aran, ngoko-madya-krama. Utawa krama = kalawartos) Barang sabawa buku kang isine pitulis bab barang tartamtu kang kacithak ing kala wêktu. Indhonesiyah: Majalah Inggris: magazine