Posts

Showing posts from May, 2021

Pura

Aksara Jawa:  ꦥꦸꦫ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  pura Padinan: Têgês: 1. Aran karaton cilik saka kadipaten kayata Mangkunegaran lan Pakualaman. 2. Aran pasêmbahyangan Hindhu Bali. Tuldha: Pura Mangkunagaran lan Pakualam'an yaiku kadipaten-kadipaten'ing trah Mataram. Indhonesiyah: 1. istana kerajaan kecil, pura 2. pura hindu Inggris: 1. small kingdom 2. balinese temple

Kadhaton

Aksara Jawa:  ꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: ka- + dhatu + -an Padinan: kêdhaton Têgês: Papan panggonaning ratu  utamaning kang paling jêro lan utama ana ing karaton uga karan dalêming ratu. Ora sabên wong bisa lumêbu ing kadhaton amarga iku dalêming ingkang ratu. Basa Liya Indhonesiyà:  kedaton, kedatuan Inggris:  innermost place of palace, the king's abode

Karaton

Aksara Jawa:  ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  ka- + ratu + -an Padinan: kêraton Têgês: Papan panggonaning  ratu; wujud paprentahan kang diuloni dening ratu. Karaton Surakarata Hadiningrat lan Ngayogyakarta Hadiningrat yaiku kraton-kratoning Mataram Islam. Basa Liya Indhonesiyà:  istana, keraton, kerajaan Inggris:  palace, kingdom

Adipati

 Aksara Jawa:   ꦲꦢꦶꦥꦠꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  adi + pati Padinan: Têgês: Panguluning kadipaten; ratu cilik kang ora samulya utawa sagêdhe ratu. Sang adipati  marak seba aningali jumênêngan ingkang ratu. Basa Liya Indhonesiyà:  adipati Inggris:  -

Nayakamandhala

Aksara Jawa:  ꦤꦪꦏꦩꦤ꧀ꦝꦭ   Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: nayaka + mandhala Padinan: Têgês: Klumpukan nayaka ing paprentahan kang kagawe kanggo wêktu paprentahan iku mau; wujude bisa abeda-beda sabên wêktu paprentahan. Nayakamandhala kang anyar wis kagawe kanggo wêktu paprentahan angarêp dening Presidhen. Basa Liya Indhonesiyà:  kabinet Inggris:  cabinet (of minister)

Kanayakan

 Aksara Jawa:  ꦏꦤꦪꦏꦤ꧀   Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: ka- + nayaka +-an Padinan: Têgês: Pajawatan kang dinggoni dening nayaka. Kanayakan Wiyata anganakake adicara asinau babarêngan  kanggo bocah-bocah acilik. Basa Liya Indhonesiyà:  kementerian Inggris:  ministry  (office)

Kanayakataman

 Aksara Jawa:  ꦏꦤꦪꦏꦠꦩꦤ꧀   Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  ka- + nayakatama + -an Padinan: Têgês: Pajawatan kang dinggoni denibg nayakatama Ratu Putri Yunaythid Kingdhêm  lagi arawuh ana ing kanayakataman. Basa Liya Indhonesiyà:  kantor perdana menteri Inggris:  prime minister's office