Posts

Showing posts from April, 2021

Nayaka

Aksara Jawa:  ꦤꦪꦏ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: Padinan: Têgês: Juru jawat kang anulungi  ulu nagara kanggo angurusi bageyan-bageyan tartamtu. Presidhen wis amilihi para nayaka kang bakal diwisuda taun iki. Basa Liya Indhonesiyà:  menteri Inggris:  minister 

Nayakatama

Aksara Jawa:  ꦤꦪꦏꦠꦩ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: nayaka + utama Padinan: Têgês: Nayaka kang anguloni  kabeh nayaka lan paprentahaning nagara. Rêrêmbugan iku bakal kaulonan dening nayakatama mêngko sore. Basa Liya Indhonesiyà:  perdana menteri Inggris:  prime minister

Senapati

Aksara Jawa:  ꦱꦺꦤꦥꦠꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: sena + pati Padinan: Têgês: Juru jawat karaton kang anguloni para prajuriting karaton. Basa Liya Indhonesiyà: senapati,  panglima Inggris:  military general of the kingdom

Kapatihan

Aksara Jawa:  ꦏꦥꦠꦶꦃꦲꦤ꧀  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: ka- + patih + -an Padinan: kêpatihan Têgês: Omah panggoning patih lan lumrahe sisan kanggo pajawatane. Basa Liya Indhonesiyà:  kepatihan Inggris:  the  house and office of  prime minister (see: patih)

Patih

Aksara Jawa:  ꦥꦠꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: Padinan: Têgês: Juru jawat kang anulungi ratu anggone angurus paprentahaning nagara. Ingkang patih didhawuhi marak sowan mênyang ing dalêming  sang ratu. Basa Liya Indhonesiyà:  patih Inggris:  prime minister (akin to)

Kawula Cilik

 Aksara Jawa:  ꦏꦮꦸꦭꦕꦶꦭꦶꦏ꧀  Jinis:  têmbung aran  Undha usuk:  ngoko-madya, kawula alit (krama) Mulatêmbung: kawula + cilik Padinan: Têgês: Kawulaning ratu kang ora aduwe jawatan kang amligi lan namung babrayan alumrah. Sunan Pakubuwana kaping sadasa kêrêp anyêbar udhik-udhik kanggo kawula cilik. Basa Liya Indhonesiyà:  rakyat jelata, rakyat biasa Inggris:  commoner

Priyayi

Aksara Jawa:  ꦥꦿꦶꦪꦪꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krana Mulatêmbung: Padinan: Têgês: Wong kang kanggêp aduwe jêjêr kang adi utawa diajeni dening babrayan;  lumrahe isih trahing ratu utawa juru sambutgawe ana ing karaton. Kang diarani priyayi iku kudu alus budine  lan  andhap asor. Basa Liya Indhonesiyà:  priyayi Inggris:  gentlemen, lords and ladies

Putra Santana Dalêm

 Aksara Jawa:  ꦥꦸꦠꦿꦱꦤ꧀ꦠꦤꦢꦭꦼꦩ꧀  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: putra + santana + dalêm Padinan: putra sêntana dalêm Têgês: Para anak lan sanak saduluring ratu; kulawarganing ratu. Putra Santana Dalêm iku mêsthi ana nalika tingalan jumênênganing. Basa Liya Indhonesiyà:  keluarga raja Inggris:  family of the king

Rajaputri

Aksara Jawa:  ꦫꦗꦥꦸꦠꦿꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: raja + putri Padinan: Têgês: Anaking ratu ingkang wadon Para rajaputri iku kudu kulina pasa lan urip prihatin. Basa Liya Indhonesiyà:  putri (puteri) Inggris:  princess

Rajaputra

Aksara Jawa:  ꦫꦗꦥꦸꦠꦿ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: raja + putra Padinan: Têgês: Anaking ratu ingkang lanang. Para rajaputra iku kudu dumadi satriyaning nagara. Basa Liya Indhonesiyà:  pangeran Inggris:  prince

Putri Adipati Anom

Aksara Jawa:  ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦤꦺꦴꦩ꧀   Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: putri + adipati + anom Padinan: Têgês: Rajaputri kang dipilih kanggo anggenteni ratu. Putri Elizêbet dipilih dumadi  putri adipati anom nalika watara Prang Donya Kapindho. Basa Liya Indhonesiyà:  putri mahkota Inggris:  crown princess

Pangeran Adipati Anom

Aksara Jawa:  ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦤꦺꦴꦩ꧀   Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: pangeran + adipati + anom Padinan: Dasanama: pangeran pati, prabu anom Têgês: Rajaputra kang bakal anggenteni dadi ratu Pangeran Adipatining Kraton wis ditamtomake wiwit sasi kapungkur. Basa Liya Indhonesiyà:  putra mahkota Inggris:  crown prince

Garwa Sêlir

 Aksara Jawa:  ꦒꦂꦮꦱꦼꦭꦶꦂ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya; garwa ampeyan, garwa ampil, garwa paminggir (krama) Mulatêmbung: garwa + sêlir Padinan: Têgês: Bojoning ratu kang mung sêlir, dadine dudu bojo kang utama lan lumrahe ora diningkah. Garwa sêliring ratu akeh kang dijupuk saka wong cilik. Basa Liya Indhonesiyà:  selir raja Inggris:  concubine of king (not legal wife)

Garwa Padmi

Aksara Jawa:  ꦒꦂꦮꦥꦢ꧀ꦩꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: garwa + padmi Padinan: Têgês: Bojoning ratu kang baku  lan diningkah. Garwa padmi kapisaning Sunan Pakubuwana ing Surakarta karan Kañjêng Ratu Kilen. Basa Liya Indhonesiyà:  istri sah (utama) raja Inggris:  legal wife of king

Prameswari Tininggal

Aksara Jawa: ꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶꦠꦶꦤ꧀ꦤꦶꦁꦒꦭ꧀  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  prameswari + tinggal + -in- Padinan: Têgês: Prameswari kang wis ditinggal amati dening ratu ananging anake ora dumadi ratu kang anyar. Basa Liya Indhonesiyà:  permaisuri jandha Inggris:  queen dowager

Ibu Prameswari

Aksara Jawa:  ꦲꦶꦧꦸꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: ibu + prameswari Padinan: Têgês: Prameswari saka ratu kang wis amati lan saiki anake wis dumadi ratu. Ibu prameswari saka Yunaythid Kingdhêm disayang bangêt dening anake kang saiki wis dumadi ratu putri. Basa Liya Indhonesiyà:  ibu suri Inggris:  queen mother

Garwadi

Aksara Jawa: ꦒꦂꦮꦢꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: garwa + adi Padinan: Têgês: Garwaning ratu putri kang lumrahr ora aduwe kuwasa apa-apa. Garwadining ratu putri saka Yunaythid Kingdhêm iku wiwitane saka Karaton Ellas. Basa Liya Indhonesiyà:  suami ratu Inggris:  prince consort

Prameswari

Aksara Jawa: ꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: prama (parama) + iswari Padinan: Têgês: Garwaning  ratu kang lumrahe ora aduwe kuwasa apa-apa. Prameswarining Sunan Pakubuwana ing Surakarta iku karan Kañjêng Ratu Pakubuwana. Basa Liya Indhonesiyà:  permaisuri Inggris:  queen consort

Ratu Putri

Aksara Jawa: ꦫꦠꦸꦥꦸꦠꦿꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: ratu + putri Padinan: Têgês: Ratu kang awujud wong wadon. Ratu putri  saka Yunaythid Kingdhêm iku saiki umure wis sangang puluh puñjul. Basa Liya Indhonesiyà:  ratu Inggris:  queen

Ratu

Aksara Jawa: ꦫꦠꦸ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: Padinan: Dasanama: raja, nata, prameswara Têgês: Wong kang anguloni lan anguwasani karaton kang lumrahe awujud wong lanang. Ratuning karaton  Kasunanan Surakarta karanan Sunan dene  ratuning Kasultanan Ngayogyakarta karanan Sultan. Basa Liya Indhonesiyà:  raja Inggris:  king

Garwadi Agung

Aksara Jawa: ꦒꦂꦮꦢꦶꦲꦒꦸꦁ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: garwadi + agung Padinan: Têgês: Garwa lananging bauratu putri kang lumrahe ora aduwe kuwasa apa-apa. Garwadi agung iku angañcani sang bauratu putri nalika alunga mênyang nagara liya. Basa Liya Indhonesiyà:  suami kaisar wanita Inggris:  prince consort of empress

Prameswari Agung

Aksara Jawa: ꦥꦿꦩꦺꦱꦮꦫꦶꦲꦒꦸꦁ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: prameswari + agung Padinan: Têgês: Garwaning bauratu kang lumrahe ora aduwe kuwasa kang akeh ora kaya bauratu putri. Praweswari Agung aduwe klambi kang katon endah yen  kasawang nalika ana arak-arakan karaton. Basa Liya Indhonesiyà:  permaisuri kaisar Inggris:  empress consort

Bauratu Putri

 Aksara Jawa: ꦧꦲꦸꦫꦠꦸꦥꦸꦠꦿꦶ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: bauratu + putri Padinan: Têgês: Bauratu kang awujud wong wadon lan dudu wong lanang. Bauratu Yekatharià Agung ing Rossiyà  kalêbu salah sawiji wong apênting ing babading donya. Basa Liya Indhonesiyà:  kaisar wanita Inggris:  empress

Kabauraton

Aksara Jawa: ꦏꦧꦲꦸꦫꦠꦺꦴꦤ꧀  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: ka- + bauratu + -an Padinan: Têgês: Nagara utawa karaton kang ana ing kuwasaning bauratu. Kabauraton Khan ing Cina Têngahan kalêbu kabauraton kang sinubya ing jaman iku. Basa Liya Indhonesiyà:  kekaisaran Inggris:  empire

Bauratu

Aksara Jawa: ꦧꦲꦸꦫꦠꦸ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: bau + ratu Padinan: Têgês: Ratu kang anguwasani ratu liya lan nagara liya kang prabawane luwih asor ana ing sangisore; lumrahe ratu lang nagara sangisore mau luwih saka siji. Bauratu Rum Wetan anguwasani laladan ing saindhênging Wetan Cêdhak lan Ellas. Basa Liya Indhonesiyà:  kaisar Inggris:  emperor

Pawiyatan

Aksara Jawa: ꦥꦮꦶꦪꦠꦤ꧀  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: pa- + wiyata + -an Padinan: Têgês: Papan kanggo wong lan bocah-bocah asinau. Pawiyatan nagarayasa iku akeh dipilih dening para wongtuwa amarga ora akeh ambutuhake dhuwit kanggo beyane. Basa Liya Indhonesiyà:  sekolah Inggris:  school

Kuthagara

Aksara Jawa: ꦏꦸꦛꦒꦫ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: Padinan: Têgês: Kutha kang dumadi têtêngah kanggo paprentahaning nagara lumaku. Kuthagaraning nagara kita yaiku Jakarthà. Basa Liya Indhonesiyà:  ibu kota negara, ibu kota Inggris:  capital city

Ganagara Babrayan

 Aksara Jawa: ꦒꦤꦒꦫꦧꦧꦿꦪꦤ꧀  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: ganagara + babrayan Padinan: Têgês: Salah sawijining paprentahan awujud ganagara kang diuloni dening presidhen. Cina saiki wujud paprentahane yaiku ganagara babrayan. Basa Liya Indhonesiyà:  republik rakyat Inggris:  people's republic

Ganagara

Aksara Jawa: ꦒꦤꦒꦫ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: gana + nagara Padinan: Têgês: Salah sawijining wujud paprenthan kang diuloni dening presidhen. Nagara kita iku awujud ganagara lan amardika wiwit taun 1945 M. Basa Liya Indhonesiyà:  republik Inggris:  republic

Cihnatrang

Aksara Jawa: ꦕꦶꦃꦤꦠꦿꦁ  Jinis:  têmbung aran, têmbung lingga Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: cihna + trang Padinan: Têgês: Tulisan utawa têmbung utawa gambar kang gunane kanggo cihna lan aweneh katrangan tumrap sawijining barang. Cihnatrang iki gunane kanggo ambedakake banyu sing arêsik karo banyu sing arêgêd supaya ora kleru anggone añjupuk. Basa Liya Indhonesiyà:  label Inggris:  label

Artacihna

Aksara Jawa: ꦲꦂꦠꦕꦶꦃꦤ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: arta + cihna Padinan: Têgês: Tulisan utawa têmbung kanggo angarani sawijining dhuwit kang dinggo ing sawijining nagara kanggo ambedakake kanggo dhuwit saka nagara liyane. Artacihna nagara kita iku jênênge rupiyah. Basa Liya Indhonesiyà:  mata uang Inggris:  currency

Cihnadol

 Aksara Jawa: ꦕꦶꦃꦤꦢꦺꦴꦭ꧀  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya, cihnasade (krama) Mulatêmbung: cihna + adol Padinan: Têgês: Tulisan  utawa têmbung kang saemper cihna utawa tandha kanggo sawiji barang kang didol kanggo ambedakake saka barang liya kang padha wujude lan didol utawa digawe dening wong liya. Cihnadol  iki ana ing akeh barang dodolan sajêroning pasar  iku. Basa Liya Indhonesiyà:  merk Inggris:  trademark

Acêkêlgawa

Aksara Jawa:  ꦲꦕꦼꦏꦼꦭ꧀ꦒꦮ  Jinis:  têmbung kahanan Undha usuk:  ngoko-madya,  acêpêngbêkta (krama) Mulatêmbung: a- + cêkêl + gawa Padinan: cêkêlgawa Têgês: Kahanan nalika salah sawiji barang iku agampang anggone dinggo utamane digawa mênyang  angêndi-êndi. Hendhêpun iku kalêbu piranti  kang acêkêlgawa saengga apenak anggone digunakake tinimbang telêpun. Basa Liya Indhonesiyà:  portabel Inggris:  portable, handy

Pitsah

 Aksara Jawa: ꦥꦶꦠ꧀ꦱꦃ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: basa Ithaliyah 'pizza' (pittsà) Padinan: Têgês: Panganan awujud roti bundêr kang lumrahe kisenan daging, keju, utawa isen liyane. Pitsah iku akeh dipangan dening bocah-bocah anom nalika anglumpuk utawa adolan. Basa Liya Indhonesiyà:  pizza Inggris:  pizza

Endahkarawidya

Aksara Jawa: ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦏꦫꦮꦶꦢꦾ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: endah + kara + widya Padinan: Têgês: Kawruh kang disinau angênani endahkara Endahkarawidya ing pawiyatan dhuwur kene akeh dilêboni dening siswa wiyata dhuwur saka nagara mañca. Basa Liya Indhonesiyà:  ilmu kesenian, ilmu seni Inggris:  arts (knowledge, major)

Endahkara

Aksara Jawa: ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦏꦫ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: endah + kara Padinan: Têgês: barang  kang kasawang utawa kaprungu endah  kayata  jojogedan, gêndhing, gambar, ukiran,  bathik, lsp. Endahkara  iku bisa kanggo sarana angilangake pipênêt ing jêro sirah. Basa Liya Indhonesiyà:  seni, kesenian Inggris:  art

Pariklumpuk

Aksara Jawa: ꦥꦫꦶꦏ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀  Jinis:  têmbung lingga, têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: pari + klumpuk Padinan: Têgês: Klumpukaning wong kang aduwe prakara kang padha kayata  agama, kasênêngan, wangsa  lsp. Pariklumpuk  wong Jawa ing nagara  Turki padha agawe adicara kanggo têmu sadulur ing  Istanbul. Basa Liya Indhonesiyà:  komunitas Inggris:  community

Ajentrêsna

Aksara Jawa: ꦲꦗꦺꦤ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤ  Jinis:  têmbung lingga, têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: aji + -an + trêsna Padinan: Têgês: Pangaji-aji kang diwenehake marang wong kanthi wujud trêsna utawa kurmat, lumrahe kanggo juru endahkara utawa juru kidung. Padmi aweneh ajentrêsna marang juru kidung Gitaswari kanthi angidungake kidunge kang kaloka yaiku Kêmbang Trêsnaning Ati. Basa Liya Indhonesiyà:  tribut Inggris:  tribute

Tangga têparo

Aksara Jawa: ꦠꦁꦒꦠꦼꦥꦫꦺꦴ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya, tangga têpalih (krama) Mulatêmbung: tangga + têparo Padinan: Têgês: Tangga kang lumrahe  amanggo ing acêdhak kiwa, têngên, angarêp, utawa burine lan ora amanggon rada adoh.  Aja asênêng apadu, mêngko amundhak dirungokake tangga têparo. Basa Liya Indhonesiyà:  tetangga dekat Inggris:  close neighbors

Tangga

Aksara Jawa: ꦠꦁꦒ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  Padinan: Têgês: Wong kang amanggon utawa aduwe omah ing sakiwatêngêning awake dhewe. Tangga iku kudu padha asênêng tutulung yen ana apa-apa. Basa Liya Indhonesiyà:  tetangga Inggris:  neighbor

Sumanak

 Aksara Jawa:  ꦱꦸꦩ꧀ꦩꦤꦏ꧀  Jinis:  têmbung kahanan Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: sanak + -um- Padinan: sêmanak Têgês: Gampang amor utawa kakañcan karo wong Yatnaka iku wonge sumanak lan asênêng amêsêm. Basa Liya Indhonesiyà:  mudah bergaul Inggris:  friendly, easygoing

Sanak

Aksara Jawa: ꦱꦤꦏ꧀  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: Padinan: Têgês: Wong kang isih tunggal kulawarga utawa isih sadulur. Rêtna iku isih  sanaking  bulikku amarga  bapake iku saduluring bulikku. Basa Liya Indhonesiyà:  sanak  saudara Inggris:  relative (noun)

Salawase

Aksara Jawa: ꦱꦭꦮꦱ꧀ꦱꦺ  Jinis:  têmbung  katrangan Undha usuk:  ngoko-madya, salawasipun  (krama) Mulatêmbung: sa  + lawas + -e Padinan: sak lawase Têgês: Kanthi  wêktu kang ora ana pungkasane, kanthi jaman kang suwe bangêt ora abubar-bubar. Wong kang apracaya lan anglakokake karsaning Hyang Gusti abakal urip ing swarga kanthi salawase. Basa Liya Indhonesiyà:  selamanya, selama-lamanya Inggris:  forever, eternal, everlasting

Tuturun

Aksara Jawa: ꦠꦠꦫꦸ  Jinis:  têmbung aran Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  dwipurwa  +  turun Padinan:  têturun Têgês: Wong utawa  têdhakturuning  wong  ing  sawijining jaman utawa wêktu. Tuturun  jaman  iki  kudu  gumrêgah  anggone  tumindak prakara kang abêcik. Basa Liya Indhonesiyà:  angkatan,  generasi Inggris:  generation

Amardika

Aksara Jawa: ꦲꦩꦂꦢꦶꦏ  Jinis:  têmbung kahanan Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  a-  +  mardika Padinan:  mardika Têgês: Ora  ing  sangisoring  wong  liya Aku  urip  mardika  ana  ing  omahku  dadi  ora  usah  amêsakake  marang  awakku. Basa Liya Indhonesiyà:  merdeka Inggris:  independent

Aluwar

 Aksara Jawa: ꦲꦭꦸꦮꦂ  Jinis:  têmbung kahanan Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  A-  +luwar Padinan:  luwar Têgês: Ora kakungkung dening  samubarang prakara Dheweke  wis  aluwar  saka  wong-wong  ala  ing  acêdhak  omahe. Basa Liya Indhonesiyà:  bebas Inggris:  free

Basa Sloveninujati

 Aksara Jawa: ꦧꦱꦱ꧀ꦭꦺꦴꦮ꦳ꦺꦤꦶꦤꦸꦗꦠꦶ  Jinis: têmbung aran Undha usuk: ngoko-madya-krama Têgês: Basa kang  ana  gathukane  karo wangsa Sloveninu;  basa  kang  dinggo dening  tedhakturuning  wangsa Sloveninu. Basa Liya: Indhonesiyà:  Bahasa Slavik, bahasa Slavis Inggris:  Slavic language(s)

Sloveninujati

 Aksara Jawa: ꦱ꧀ꦭꦺꦴꦮ꦳ꦺꦤꦶꦤꦸꦗꦠꦶ  Jinis: têmbung kahanan Undha usuk: ngoko-madya-krama Mulatêmbung:  sloveninu + jati Têgês: Angênani  wangsa Sloveninu Basa Liya Indhonesia:  Slavik,  Slavis English:  Slavic

Sloveninu

 Aksara Jawa:  ꦱ꧀ꦭꦺꦴꦮ꦳ꦺꦤꦶꦤꦸ Jinis: têmbung aran  pantês Undha usuk:  ngoko-madya-krama Mulatêmbung: Saka  basa  Sloveninu Grija  Kuna  'Sloveninu' Dasanama: Slav, Slawi Têgês: Jênêng wangsa  kang ana  ing  laladan  Yuropah  Wetan. Basa liya Indhonesiyà:  Slav English: Slav

Sadulur Seje Bapak Ibu

 Jinis: aran Undha-usuk: Lugu (Ngoko) Alus (Krama): Sadherek  seje  bapa ibu Padinan: Sêdulur  seje  bapak ibu Dasanama:  Sadulur seje Têgês: Ya iku  sadulur  kang  beda  bapak  lan  ibune,  nanging  dumadi  sasadulur  amarga  wong  tuwane  iku mau  bañjur  aningkah dadi  tunggal kulawarga. Tuladha ukara: -)  Dewi  lan Sari  iku  sadulur  seje  bapak  ibu. -)  Wong  kadhang  kala  awêdi  yen  anak-anake  padha  apadu  amarga  padha  dumadi  sadulur seje  bapak  ibu. Indhonesiyà:  saudara  tiri Inggris:  stepbrother / stepsister

Sadulur tunggal sisih

 Jinis : aran Undha-usuk:  Lugu  (Ngoko) Alus:  Sadherek  tunggal sisih Padinan: Sêdulur tunggal sisih Dasanama:  Sadulur sisih Têgês: Ya  iku sadulur kang  tunggal wong tuwa , bisa  bapak utawa ibu,  dene wong  tuwa  sijine beda  (ora padha). Tuladha ukara: -)  Siwi lan Prêmadi iku sadulur  tunggal sisih. -) Sanadyan aku karo adhiku iku sadulur tunggal sisih, nanging  ora ana bedane kanggo aku. Indhonesiyà: Inggris:  half  sibling